Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Dumadine Desa Tuyuhan Kec. Pancur Kab. Rembang



Tuyuhan minangka sawijing dusun kang ana ing tlatah Rembang Jawa Tengah. Nalika iku ing taun 1734, Simbah Djumali minangka putrane Simbah Abdul ‘Alim, pikantuk dhawuh saka simbahe yaiku Sayyid Abdurrohman (Eyang Sambu Lasem), supaya dakwah nyiarake agama Islam ana ing dhaerah kidul Lasem. Sawise nyuwun pangestu marang simbah lan tiyang sepuhipun, Simbah Djumali kairing santri kang cacah loro mlaku arah mengidul. Ing kana Simbah Djumali lan santri, nglewati dhaerah sing saiki kaaran dusun Karangmaling, Muragan, lan Karanglo.
Lumakune Simbah Djumali lan santri, mandeg ana ing pinggir alas cedhak kali. Ing kana Simbah Djumali ngaso nindakake salat karo para santri. Sbab wancine wis wengi, para santri ngaturi Simbah Djumali supaya wengi iku ngaso ana ing panggonan iku. Cekake crita, simbah Djumali ngedekake padepokan ing pinggir alas kang banget wingite. Ing panggonan iku, Simbah Djumali paring kawruh babagan ilmu agama marang murid-muride. Ngerti kabar yen ing pinggir alas ana alim ulama’ saka Lasem kang mbabar kawruh ilmu agama lan sekti mandraguna, akeh pawongan kang teka marang Simbah Djumali saperlu ngudi ilmu.
Pawongan-pawongan kang teka saka dusun sajabane alas, ngedekake omah sacedhake padepokane Simbah Djumali supaya gampang anggone ngangsu kawruh. Simbah Djumali uga mbangun mesjid ing pinggir alas minangka sarana ngibadah lan mbabar ilmu agama marang santri. Senajan wis ngadeg padepokan lan akeh wong sing nyantri, dhaerah iku isih kagolong angker. Saben dalu bilih simbah Djumali badhe dakwah mbabar ilmu agama marang santri, putranipun tansah digodha dening bangsa lelembut. Mangertosi kahanan kaya mangkono, Simbah Djumali sumerep pusat kerajaan lelembut yaiku ing sebrang kali.
Saben badhe nindakake hajat (buang air besar) lan turas, Simbah Djumali nindakake ana ing sawijing watu utawi kasebut puthuk. Puthuk iku karep digunakake Simbah Djumali anggone turas. Sabanjure, saka tembung “Watu” lan “turas” basa ngokone “nguyuh” , dusun Tuyuhan madeg. Tuyuhan saka tembung ‘Tu” lan “Yuhan”. ‘Tu ateges watu kang sinebut panggonan kagem Simbah Djumali anggenipun “Turas/Nguyuh”. Kanthi karomah lan kersane Gusti Allah, putranipun simbah Djumali lan para warga, wis ora diganggu maneh bangsa lelembut.
Ing wektu iku, kahanan warga dusun Tuyuhan tansah mlarat. Golek panggawean sarwa angel. Ngerti kahanan kaya mangkono, Simbah Djumali ngaturi para warga supaya berdagang. Simbah Djumali maringi ide marang warga supaya dodolan lontong. Lontonge kagawe saka beras kanthi bentuke lontong ngrucut mbentuk segitiga.
Manut carita saking Bapak Muhammad Arifin, saben pucuk saka lontong iku ngandhut makna kang wigati. Pramila ora kabeh wong bisa nggawe lontong wujud segitiga. Dene sayure kagawe saka dhudhuh klapa kang wus kacampur maneka bumbon lan pitik. Saka dodolan lontong iku uga sinebut ing basa arabe afro’ul ayyam.
Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "Dumadine Desa Tuyuhan Kec. Pancur Kab. Rembang"