DUMADINE KUTHA REMBANG
Kutha Rembang manggon ana ing tlatah tanah Jawa sisih
wetan. Sisih lor wewatesan karo samodra jawa, sisih kidul wewatesan karo
Kabupaten Blora, sisih kulon wewatesan karo kabupaten Pati, lan sisih wetan
wewatesan karo kabupaten Tuban. Kanthi panggonan kang strategis kuwi mula akeh
wong manca kang teka neng tanah jawa kususe neng Kabupaten Rembang saperlu
pengin dagang utawa golek tanduran-tanduran kang larang regane yen didol ing
negara asale. Miturut crita udakara ing taun 1336 Saka, ana wong wolu sing
asale saka Campa Banjar mlati teka neng tanah Jawa.
Wong campa kuwi nduweni kaluwihan
bisa gawe gula tebu. Wong Campa teka neng tanah Jawa mung kanggo gawe gula tebu
amarga ing negarane wis akeh seng gawe. Wong- wong kuwi teka neng tanah Jawa
ngliwati segara mengulon nganti tekan neng kali sing kiwa-tengene akeh wit
Toktene (Bakau). Anggone teka neng tanah Jawa, wong Campa kuwi dipandhegani Pow
Ie Din sing minangka dadi ketuane pelayaran. Bareng ngerti yen ing tanah Jawa
akeh tanduran tebu wong Campa kuwi padha bungah amarga apa kang wis dilakoni
kabeh ora muspra, apa kang digoleki wis ketemu, yakuwi tanduran Tebu.
Wong-wong campa kuwi gawe
omah/gudhang kanggo nyimpen tebu-tebu kang wis dibabat. Omah/gudhang digawe ana
ing sisih kiwa tengene pategalan kang ana tandurane tebu, supaya anggone mbabat
tebu ora kadohan saka gudhang. Saben wayah isuk Pow le din kang mandhegani
pelayaran kuwi mrentah kanca-kancane kanggo nyiapake ubarampe kang arep di
anggo mbabat tebu.
Tebu- tebu kang wis dibabat banjur
disimpen ing gudhang-gudhang kang wis dicepakake. Tebu-tebu kang wis disimpen
ing gudhang yen wis akeh banjur diolah kanthi cara tradisional supaya dadi gula
tebu. Gula tebu kang wis diasilake kuwi banjur digawa neng negara asale yakuwi
negara Campa.
Kanggo mujudake rasa sukur marang
gusti, lan supaya anggone mbabat tebu ora ana alangan mula dianakake donga lan
semedi bareng sadurunge mbabat tebu. Pategalan kang wit tebune wis dibabat mau
banjur didadekake pomahan/pemukiman sing saiki kawentar kanthi jengen Kabongan,
sing jenenge dijipuk saka tembung tokte/ bakau Ka-Bonga-an (kabongan) sing
panggonane ana ing sisih kulon kutha Rembang.
Ing sawijining dina, nalika pajar
ing sasi Waisaka wong-wong padha miwiti “ngrembang”/mbabat tebu. Sadurunge
mbabat tebu diwiwiti, kudu dianakake upacara suci lan semedi bareng nyenyuwun
maring Gusti supaya anggone mbabat/ngrembang tebu ora ana bebaya. Upacara
mbabat tebu kuwi diarani Ngrembang sekawit. Saka ukara Ngrembang kuwi banjur
didadekake kanggo cikal bakal Kkutha Rembang kang mapan ana ing pesisir sisih
wetan tanah Jawa. Miturut crita para sepuh upacara ngrembang sekawit dianankake
ing dina rebo legi , minggu kasada sasi waisaka, taun saka 1337 kanthi candra
sengkala Sabda Tiga wedha Isyara.
Post a Comment for "DUMADINE KUTHA REMBANG"