Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Geguritan Tema Ketuhanan: Eling Gusti

Eling Gusti
Abang kang ginaris agawe sumelang
Dudu warna nanging mega kang kumandhang
Ing langit sore katon njingglang mbranang
Swara adan wis ngawe pitutur
Saka Gusti kang Maha Luhur
Janma eling sembah matur

Dhuh Gusti....
Ingkang tansah paring pambiji
Tumurana asihMu ing raga kang cidra iki
Mugia bisa jejeg
Ing dalan suci kang ajeg
Tumindhak becik tanpa mandheg

Ahsani Taqwim
Sriombo, 31 Agustus 2018
Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "Geguritan Tema Ketuhanan: Eling Gusti"