LEGENDA DESA BONANG
Kedadeyan
prastawa iki nalika masa kerajaan Demak. Kurang luwihe critane yaiku miturut
wong tuwa nalika masa kerajaan Demak, Sunan
Bonang entuk undangan saka Raden
Patah, pendiri kerajaan Demak sing sakdurunge njabat dadi Bupati Demak.
Sunan Bonang nindakake perjalanan kanthi liwat dalan laut lan darat. Perjalanan
lewat laut diadani kanthi numpak prau. Sunan Bonang uga salah sijine wali sanga
sing nyiarake ajaran islam ing tanah jawa.
Sunan
Bonang uga kalebu wong sing duweni ada-ada arep ngedegage kraton lan Masjid
Demak. Ana ing perjalanan darat, Sunan Bonang ketemu karo pemuda sing jenenge Raden Said ing alas Jatiwangi. Raden
Said diusir karo wong tuwane saka Kadipaten Tuban amarga konangan seneng
ngrampok bandhane tuan tanah lan hartawan sing sugih. Bandha rampokan mau
banjur dibagiake karo fakir miskin. Masyarakat nyebut dheweke Brandal Lokajaya.
Ing kana Sunan Bonang dicegat karo Raden Said arep dirampas bandhane, nanging
Sunan Bonang namung nggawa teken sing gagange digawe saka emas.
Sakwise
cedhak, Raden Said ngadhang jangkahe Sunan Bonang sing ngganggo klambi jubah
putih. “Wong tuwa, ketoke kowe ora wuta, kowe uga isih kuwat mlaku, kenapa kowe
ndadak nggawa teken?” pitakone Raden Said.
“Nganggo
teken iki aku ora bakal kesasar meskhi aku mlaku nang dalan sing peteng.”
Jawabe wong tuwa iku.
Nanging saiki isih padang, yen tanpa tongkat
iku kowe isih isa mlaku apik.” Bantahe Raden Said.
Wong
tuwa iku mandeng Raden Said. Praupane ngetokake sifat welas asihe nanging
pribadine agung lan wibawa. “Tongkat iku pegangan, wong urip utawa mlaku kudu
duweni cekelan supaya ora mlaku neng dalan sing nyesatake.” Kandane wong sing
jubah putih.
“Aku
pengen weruh tekenmu,” Kandhane Raden Said.
“Saka
weruh isa nuwuhake rasa pengen duweni, ora apik duweni nggene wong liya.”
Kandhane wong sing jubah putih.
Tanpa
ngomong Raden Said ngrebut teken iku nganti wong ngganggo jubah putih iku tiba
ndeprok ana ing lemah. Raden Said ndeleng teken kuwi, aneh, teken sing asale
gagange emas maleh dadi kayu biasa. Sawetara Sunan Bonang susah payah ngadheg
karo ngetokake eluh wong sing ngganggo jubah putih iku nangis. Raden Said
tambah gumun.
“Aja
nangis wong tuwa, iki tekenmu tak balekake.” Kandane Raden Said karo ngulungake
teken sing dicekeli.
“Aku
ora nangis amarga tekene kok rebut, nanging aku ngrasa nyesel lan dosa. Karana
aku tiba lan ora sengaja aku njabut suket sing ora salah.” Kandhane wong sing
berjubah putih.
“Mung
suket sagagang kowe ngrasa dosa?” Pitakone Raden Said.
“Suket
uga makhluke Gusti Allah. Aku njabut suket iki tanpa ana gunane, yen aku njabut
kanggo pakan ternak ora apa nanging yen kanggo
tak sia-sia iku dosa.”
Raden
Said kaget krungu ucapan filosofis iku. “Napa kowe tega tindhak kasar karo wong
tuwa.”
“Aku
pengen bandha.” Jawabe Raden Said.
“Kanggo
apa?” Pitakone wong berjubah putih.
“Arep
takwenehake karo fakir miskin.” Jawabe Raden Said.
“Apik
niatmu, nanging cara sing kok anggo iku salah, omonge wong sing Berjubah putih.
“Apa
maksudmu?”
“Allah
seneng karo barang apik lan mung nerima amal saka barang sing apik lan halal.”
Jawabe wong sing berjubah putih. Raden Said tambah kaget krungu ucapan iku.
“Jelase, Allah ora nrima sedekah sing haram. Dadi sia-sia sedekah sing kok
wenehake saka hasil ngrampok saksuwene iki. Yen kowe pengen bandha. Iki
njupuken! Iki bandha halal!” ngomong kaya kana wong berjubah putih kuwi karo
nuduhake wit aren. Saknalika wit mau dadi emas. Pange, godhonge, wohe, lan
sakabehane dadi emas. Raden Said ngerahake ilmune. Dheweke ngira yen wong tuwa
mau ngerahake ilmu sihire. Yen wong tuwa iku ngerahake ilmu sihir mula nganti
gampang dheweke isa nangkal. Nanging dheweke kecele. Wong tuwo mau ora ngetokake
ilmu sihire. Wit kuwi bener-bener wis maleh dadi emas.
Raden
Said gumun, dheweke nyoba menek wit iku, arep njupuk wohe sing cemlorot. Durung
nganti tekan dhuwur wohe wis padha rontok nibani sirahe nganti Raden Said
semaput. Nalika Raden Said sadar. Wit aren mau mbalik asal. Wohe sing mau
rontok warna emas maleh dadi ijo kaya woh aren biasane. Raden Said celingukan,
nggoleki wong tuwa berjubah putih sing mau ngrubah wit aren dadi emas. Nanging
tuwa mau wis ora katon maneh. Sadar Raden Said yen wong tuwa mau iku sakti sing
duweni ilmu tinggi. Bokmenawa golongan para ulama’ utawa para wali. Saknalika
Raden Said nggudhag wong tuwa mau. Dheweke kepingin dadi muride.
Sakwise
ngerahake tenagane dheweke lagi isa weruh bayangane wong tuwa iku saka adohan.
Wong tuwa iku alon olehe mlaku, nanging Raden Said durung isa nyusul. Sakwise
nafase arep entek, raden said lagi isa nyusul wong tuwa iku ing pinggir kali.
“Ana apa kowe nyusul aku?” Pitakone wong tuwa iku.
“Gelema kirane
kowe nrima aku dadi muridmu.” Omonge Raden Said.
Wong
tuwa iku ora liya yaiku Sunan Bonang sing gelem nrima Raden Said dadi muride.
Nanging raden Said kudu ngliwati ujian kasetyan. Sunan Bonang nancepake tekene
ing pinggir kali. Raden Said diperintah nunggu teken iku. “Sanggup kowe nrima
syarat iki?” Pitakone Sunan Bonang.
“Sanggup
Kanjeng Sunan.” Jawabe Raden Said.
Sunan
Bonang nerusake lakune menyang Masjid Demak. Bali Raden Said kaget weruh Sunan
Bonang mlaku ing dhuwur banyu kaya mlaku biasa ing daratan. Tambah mantep niate
Raden Said berguru karo Sunan Bonang. Bareng nyabrang kali Sunan Bonang
nerusake lakune.
Saksuwene
mlaku Sunan Bonang nduweni niat arep ngaso, ana ing papan ngasone Sunan Bonang
krungu ana wong sing lagi dolanan bonang. Sebab ing pemukiman iku akeh
pengrajin sing padha nggawe bonang saka kuningan, salah sijine perangkat
gamelan sing digunakake nggiringi musik ana ing pagelaran ringgit. Wiwit wektu
kuwi desa kasebut dikenal kanti jeneng Bonang
nganti saiki.
Ing
Bonang uga ngadeg masjid, masjid kuwi miturut crita adhike Masjid Demak.
Ngadege Masjid Al-Karomah kuwi aga ana campur tangane Sunan Bonang, nalika
ngaso ing pemukiman kana, wancine shalat dzuhur, Sunan Bonang arep shalat,
nanging ora ana Masjid. Ing kana Sunan Bonang ngajak para warga bareng-bareng
ngedegake Masjid lan dadi Masjid Al-Karomah iku.
Al-kisah,
Sunan Bonang lali karo Raden Said sing dikon nunggoni tekene ing pinggir kali.
Iku wis lumaku nganti wulan-wulanan suwene malah ana sing nyebutake taunan.
Sakwise iling Sunan Bonang bali nemoni Raden Said. Sunan Bonang pengen weruh
apa raden said setya nunggu tekene. Sunan Bonang kaget sakwise weruh Raden Said
sing tetep setya nunggu tekene ing pingir kali nyambi semedi. Miturut sumber
liya Raden Said donga marang Gusti supaya diturokake kaya gusti nurokake pitu pemuda
ing Goa Kahfi taunan suwene.
Dongane raden Said dikabulake. Dheweke isa turu
taunan saengga awake dirambati oyot lan godhong wit-witan. Suna Bonang lagi isa
nangekake sakwise ngetokake suara adzan. Cara liya ora isa kanggo nangekake
Raden Said. Sakwise Raden Said tangi dheweke diajak nang panggonane Sunan
Bonang. Nang kana dheweke diwenehi pelajaran agama tingkat tinggi. Amarga saka
keuletane Raden Said dheweke isa marisi kabeh ilmu Sunan Bonang. Karana Raden
Said tau tapa utawa turub ana ing pinggir kali taunan sakwise dadi wali,
dheweke disebut Sunan Kalijaga. Baju takwa, Perayaan sekaten, Grebeg Maulud,
Layang Kalimasada, lakon wayang Petruk
dadi Raja, kuwi kabeh ciptaane Sunan Kalijaga.
Post a Comment for "LEGENDA DESA BONANG"