Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Tugas M5 KB3: Pengembangan Bahan Ajar



1.      Identifikasilah tujuan pembelajaran sesuai silabus dan jabarkan indikator-indikatornya secara spesifik dan operasional.
2.      Jabarkan dan rumuskan materi dalam garis-garis besar sesuai rumusan tujuan pembelajaran
3.      Rumuskan atau tuliskan 2-3 pertanyaan untuk didiskusikan siswa secara kooperatif selama Anda tinggal menghadiri undangan di Dinas Pendidikan. Jangan lupa untuk menunjuk ketua kelas yang akan mengkoordinasikan kegiatan diskusi.
4.      Buatlah rubrik penilaiannya untuk menilai hasil diskusi siswa Anda.
Jawaban.
1.      Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi
Kompetensi Dasar
Indikator Pencapaian Kompetensi
3.2  Memahami isi teks carita rakyat
·     Menemukan unsur-unsur pembentuk teks carita rakyat.
·     Bertanya jawab tentang isi teks carita rakyat.
·     Menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam carita rakyat.
·     Mengaitkan nilai yang terkandung dengan kondisi masyarakat saat ini.
4.2  Menulis dan menyajikan sinopsis teks carita rakyat.
·     Menulis carita rakyat daerah setempat.
·     Menulis sinopsis teks carita rakyat.
·     Menyampaikan sinopsis carita rakyat dihadapan teman-teman sekelas.
·     Menyunting kesalahan sinopsis carita rakyat hasil teman.



Tujuan pembelajaran
1.       Dengan menemukan unsur-unsur cerita rakyat, peserta didik dapat menemukan unsur-unsur yang ada pada cerita rakyat dengan tepat
2.       Dengan menemukan isi cerita rakyat, peserta didik mampu menjelaskan isi cerita rakyat dengan benar
3.       Dengan menemukan nilai-nilai dalam cerita rakyat, peserta didik dapat memahami nilai-nilai dalam cerita rakyat dan mengaplikasikan dalam kehidupan
4.       Dengan membuat cerita rakyat (legenda) yang terjadi di daerah tempat tinggal, peserta didik dapat mengetahui cerita rakyat di daerahnya dengan benar
5.       Dengan menceritakan kembali isi teks cerita rakyat menggunakan bahasa Jawa (sinopsis), peserta didik dapat mengungkapkan kembali cerita rakyat menggunakan bahasa Jawa yang baik dan benar
6.       Dengan menyunting sinopsis hasil teman, peserta didik dapat mengetahui letak kekurangan hasil sinopsis dengan baik.
2.      Garis besar materi
a.       Pengertian cerita rakyat
Peserta dapat menjelaskan pengertian cerita rakyat dengan benar
b.      Jenis-jenis cerita rakyat
Peserta didik mampu menjelaskan jenis-jenis cerita rakyat
c.       Unsur-unsur cerita rakyat
Peserta didik dapat menyebutkan unsur-unsur cerita rakyat
d.      Isi cerita rakyat
Peserta didik dapat memahami isi cerita rakyat dengan baik
e.       Menulis cerita rakyat
Peserta didik mampu menulis cerita rakyat yang ada di daerahnya dengan bahasa yang baik
f.        Menyunting sinopsis hasil teman
Peserta didik dapat menyunting sinopsis hasil teman sehingga mengetahui letak kekurangan hasil sinopsis





3.      Tugas Bahasa Jawa kelas XI Multimedia
Tujuan pembelajaran
Setelah mempelajari materi ini, Ananda diharapkan dapat:
1)      Menjelaskan pengertian Carita Rakyat.
2)      Menemukan isi Carita Rakyat.
3)      Menemukan nilai-nilai dalam Carita Rakyat.
4)      Menemukan unsur-unsur teks Carita Rakyat.
5)      Membuat carita rakyat (legenda) terjadinya daerah tempat tinggal siswa.
6)      Mencaritakan kembali isi teks Carita Rakyat menggunakan bahasa Jawa (sinopsis).
7)      Menyunting sinopsis hasil teman.

Assalamu’alaikum para siswa. Kadospundi kabaripun? Sae nggih? Saderengipun bapak nyuwun pangapunten bilih dinten menika boten saged mlebet ing piwucalan sbab wonten tugas penting. Pramila, tugas menika samangke dipunkerjakaken wonten ing buku. Bilih sampun rampung, tugas dipunkempalaken lumantar ketua kelas. Salajengipun damel diskusi. Ketua kelas ambagi kelompok dados 5 kelompok.
A.    Tuladha Teks Cerita Rakyat
Rawa Pening
http://1.bp.blogspot.com/-kH8XaUvmPDs/VLfEWSXWgxI/AAAAAAAAARY/5AMi2YEpjz8/s1600/Rawa_Pening_Central_Java%2B(1).jpg
Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong-wong ing desa padha masak kanggo nyiyapake pesta. Kabeh padha njupuk bagian, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiyapake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang Gusti kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing lan amis gandane.
Mangerti kahanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora seneng, amarga manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake memala, ora oleh berkah anggone pesta. Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar. Bocah mau bisane mung nangis, karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang dina ora mangan, bocah ala rupa mau lunga lan ngadoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan nabet jroning ati amarga tansah digawe kasar lan diina, bocah kang ala rupane mau mlaku menyang kampung tanpa arah lan jluntrunge. Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane lan adoh saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha.
Ing gubug mau bocah kang elek rupane dirumat (dipelihara) dening Mbok Randha. Dheweke diwenehi pangan  kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita marang simbah randha yen dheweke iku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara dina. Bareng wis rumangsa wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting nerusake mlaku lan marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga , Baru Klinthing weling marang simbah yen mengko ana prastawa gedhe simbah supaya numpak lesung. Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling- eling piweling kasebut.
Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha ngusir marang Baru Klinthing. Nanging Baru Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang. Sada lanang kasebut banjur  ditancepake ing lemah. Wong-wong dikandani supaya njabut sada mau, yen bisa njabut sada mau arep diwenehi bebana dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru klinthing kang kaya mengkana, Wong-wong pada nyoba njabut sada mau. Saka sing awake cilik   tekan wong sing awake gedhe ora ana kang bisa njabut. Pungkasaning, sada mau saged dinjabut kaliyan Baru Klinthing lan muncrat banyu.
Muncrate banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan padha golek papan panggonan kang luwih dhuwur. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, lan wong-wong mau ora ana tilase, kabeh wong pada sirna amarga piwalese saka tumindhake dewe. Kampung kang mirip rawa mau, diarani Rawa Pening.
Rawa pening saiki panggonan plancongan ing Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Rawa iku ambane kurang luwih 2.670 hektar lan mapan ana ing Kecamatan Ambarawa, Bawen, Tungtang, lan Banyu Biru. Rawa iki mapan ana ing ereng-ereng gunung Merbabu, Temoloyo, lan Ungaran.
B.       Tegese Cerita Rakyat
Carita rakyat inggih menika salah setunggaling karya sastra ingkang lair kaliyan ngrembaka wonten salebetipun masyarakat tarisional kaliyan disebaraken salebetipun wujud relief tetap, utawi salebetipun bentuk baken ingkang sumebar ing antawis kolektif tertentu wonten ing salebetipun wekdal ingkang langkung dangu.

C.      Fungsi Cerita Rakyat
Fungsi cerita rakyat jawa kejaba kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha utamane carita-carita rakyat sing ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeng sing pada ora mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni akeh carita rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi amarga carios rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing diwarisken sakcara turun temurun. 
D.      Ciri-ciri Cerita Rakyat
 Ciri-ciri cerita rakyat:
1.      Anonim, mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang nganggit
2.      Kalebu karya kolektif, dipun anggep ngadhahi rakyat sareng-sareng
3.      Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kadadosan-kadadosan ingkang mokal wontenipun (imajinasi)
4.      Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewah ingkang wigati saking jaman dateng jaman salajengipun.
E.       Unsur-unsur Cerita Rakyat
Unsur intrinsik cerita rakyat:
1.      Tema, inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaripun cariyos.
2.      Paraga, inggih menika purusa ingkang nglakoake cariyos.
3.      Penokohan, inggih menika gambaran watak.
4.      Alur/plot, inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
5.      Latar/setting, inggih menika panggenan, wekdal, utawi swasana ing crita.
6.      Amanat, inggih menika pitutur utawi pesen pangripta wonten ing cariyos.
7.      Sudut pandang, inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.
Pangripta saged dados:
-          Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama)
-          Purusa katiga (orang katiga)
-          Sarwi mangertos (serba tahu)
F.       Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita. Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake sawijining crita kanthi tetep migatekaken unsur-unsur intrinsiksawijining crita iku. Gawe sinopsis iku cara kang efektif kanggo ngaturaken sawijining crita kang dawa dados wujud cekak. Sajroning sinopsis kaendahan gaya basa, ilustrasi lan penjelasan-penjelasan diilangaken, nanging tetep gumathok marang isi lan gagasan umum pagripta. Dawane sinopsis biasane seperlima utawa sepersepuluh saka dawane karangan asli.
Cara gawe sinopsis:
1.      Maca naskah asli kanggo nggoleki gagasan umume panulis
2.      Nyatet gagasan utama kang penting
3.      Ngrantam maneh gagasan utama dadi paragraf
4.      Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane
5.      Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli
G.      Jenis Cerita Rakyat
Jenis-jenis carita rakyat kados ingkang sampun dipunandharaken ing materi mirengaken teks carita rakyat teng ngajeng, ingkang saget dipun lebetaken teng kategori jenis-jenis carita rakyat punika wonten werni-werni, antawisipun legenda, mite, sage, dongeng, lan fabel. Teng ngandhap punika badhe dipunjlentrehaken sakedhik pangertosan saking kategori carios rakyat ing inggil.
1. Legenda
Pengertian Legenda inggih punika carita rakyat ingkang dipun anggep leres nat kedadosan, ingkang caritanipun dipun hubungaken kaliyan tokoh sujarah, ingkang sampun dipun bumboni kaliyan keajaiban, kasekten, lan keistimewaan tokohipun, Utawi carita jaman ganu sing ana gegayute karo prastawa sujarah (minurut KBBI).
2. Mite
Pengertian Mite inggih punika carita prosa rakyat ingkang dipun tokohi dening para dewa-dewi utawi makluk lembut ingkang kedadosan ing dunya sanes (kahyangan utawi alam gaib) lan dipun anggep leres kedadosan dening inkang nganggit carita punika utawi penganutipun.


3. Sage
Pengertian Sage inggih punika carios dangu ingkag wonten gegayutanipun kalian sujarah, ingkang nyritakaken  kewantunan, kasekten, kepahlawanan lan keajaiban satunggaling tiyang utawi tokoh.
4. Fabel
Pengertian fabel inggih punika carita ingkang nyritakaken gesangipun kewan utawi sato ingkang tindhak-tandhukipun kados manungsa, carita punika mboten leres-leres kedadosan, namung carita fiksi, terkadang fabel ugi nglebetaken karakter mioritas arupi manungsa.
5. Dongeng
Pengertian Dongeng inggih punika satunggaling carita ingkang mboten nate kedadosan namung carita fiksi, ingkang nyritakaken satunggaling bab ingkang ngaeng, aneh, lan mboten saged dipun logika. Adatipun nyritakaken bab keajaiban lan kasakten para dewa, raja, pangeran, putri, lan sanesipun.
I.       Tindakna diskusi kelompok!
1.      Menapa tegese cerita rakyat?
2.      Jelaske kanthi ringkes isi crita saka crita rakyat Rawa pening!
3.      Sebutke unsur-unsur kang ana ing sajroning crita rakyat Rawa Pening!
4.      Sebutke nilai-nilai luhur saka crita rakyat Rawa Pening!
5.      Gawea ringkesan saka crita rakyat Rawa Pening!
4.      Rubrik Penilaian
No.
Soal
Bobot
1.
Menapa tegese cerita rakyat?
10
2.
Jelasaken kanthi ringkes isi crita rakyat Rawa pening!
20
3.
Sebutaken unsur-unsur ingkang wonten ing sajroning crita rakyat Rawa Pening!
20
4.
Sebutaken nilai-nilai luhur saking crita rakyat Rawa Pening!
25
5.
Damela ringkesan saking crita rakyat Rawa Pening!
25
Total Nilai
100

Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "Tugas M5 KB3: Pengembangan Bahan Ajar"