Tugas M6 KB 3 Menulis Tes Hasil Belajar
Pilih dua
Kompetensi Dasar sesuai mata pelajaran yang Anda ajarkan. Kembangkan soal tes
tertulis bentuk uraian untuk mengukur penguasaan siswa terhadap materi kedua KD
tersebut, khususnya pada aspek Pengetahuan. Kembangkan soal sesuai
langkah-langkah penulisan soal tes uraian.
Kisi-kisi Penulisan Soal
Satuan
Pendidikan : SMK Cendekia Lasem
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Keahlian : X/Semua Keahlian
No. KI
|
Kompetensi Dasar
|
Kelas
|
Materi
|
Indikator
|
Level Kognitif
|
No Soal
|
Bentuk Soal
|
3
|
3.1 Menelaah teks crita cekak.
|
X
|
Crita Cekak
|
3.1.1
Menganalisis unsur pembangun crita cekak.
3.1.2
Menulis sinopsis crita
cekak.
|
Penalaran (L3)
|
1,2
3
|
Uraian
|
3
|
3.1
Mengidentifikasi struktur dan
kaidah; menyimpulkan pokok-pokok isi
teks
pawarta lisan atau tulisan.
|
X
|
Teks Pawarta
|
3.1.1
Memahami konsep
berdasarkan rasa ingin tahu
tentang pawarta lisan maupun tulisan sesuai dengan bakat dan minat untuk
memecahkan masalah.
3.1.2
Mengidentifikasi struktur dan kaidah pawarta
lisan maupun tulisan sesuai dengan
bakat dan minat untuk memecahkan masalah.
|
Penalaran (L3)
|
4
5
|
Uraian
|
Wacanen jroning
batin crita cekak iki kanthi tumemen!
AKU DURUNG KALAH
NGADEG neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake
sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe,
mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan
katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang
langit.
Mung siji kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sak wise nyambut gawe sedina ngrampungake tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela mesti bakal keprungu swara mbrenginging saka dalan ngarep omah ning komplek perumahanku. Pak Wiryo. Bakul puthu bumbung nyurung grobage, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan ngarep omahku mesti mandheg karo cluluk "Puthu Mas " Aku banjur mbukak pager, mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak Wiryo uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku puthu bumbung.
Pak Wiryo padha karo aku.
Padha-padha wong sing nyoba golek panguripan ing kutha kene, sing jarene nggon
duwit. Mung bedane, aku bisa tuku omah, duwe rodha papat gaweyan Jepang modhel
sing paling keri dhewe, nyambut gawe ning kantor sing ruwangane adhem.
Pak Wiryo crita, yen omahe ana ing mburi lapangan golf. Saben esuk lan sore nalika mangkat lan mulih saka kantor aku mesthi ngliwati tugu gedhe. Ngisor tugu kuwi ana dalan sing dawane watara rong kilonan tumuju menyang lapangan golf. Aku pancen durung nate weruh. Nanging aku bisa mengerteni yen omahe Pak Wiryo mesthi sawijining kampung nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa diselaki yen panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen digarap dening investor. Kompleks sandhinge panggonane Pak Wiryo wis digusur arep kanggo ngambakna lapangan golf. Wong-wong diwenehi ganti rugi sak cukupe (jenenge wae ganti rugi, mesti ya sak cukupe). Coba yen jenenge diganti 'ganti untung'. Mula akeh wong-wong kampung kana sing ora sarujuk karo pembebasan tanah kuwi.
"Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna Pak?" Pak Wiryo mung mesem krungu pitakonku, sajake wis ngerti apa karepku. Aku mbacutake takon maneh.

"Lah yen lapangane
diambakna, terus kampunge sampeyan digusur piye Pak?"
"Nggih kersane napa ingkang
kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih pindah, wong pancen mboten
gadhahane."
Pak Wiryo terus ngladeni wong
tuku. Aku mangan puthu sing mung kari siji ning tanganku. Aku gumun dene Pak
Wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa alus. Mangka Pak Wiryo umure ora beda
adoh saka bapakku Nalika aku pisanan tuku puthu banjur dadi langganan, Pak
Wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus. Karepku mono ngajeni wong
tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku kudu ngajeni wong sing umure luwih
tuwa, sapa wae kuwi.
"Panjenengan niku lho Mas,
wong priyayi ageng kok ndadak basa lho kalih kula."
Oalah, donya kuwi jebule pancen
isih mbedakna drajat, pangkat lan donya. Mula saka kuwi aku duwe panemu yen aku
klebu wong begja. Lair ning kluwarga sing ana lan bisa ngrasakna kamukten urip.
Sanajan ora nganti sugih mblegedhu, nanging sakora-orane yen kepengin apa-apa
bisa keturutan.
Nanging wong sing kaya Pak Wiryo, menawa biyen bisa milih, mesti ora kepengin lair neng donya dadi wong sing kudu nyambung urip kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan kuwi gelem ora gelem kudu diadhepi.
Nanging wong sing kaya Pak Wiryo, menawa biyen bisa milih, mesti ora kepengin lair neng donya dadi wong sing kudu nyambung urip kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan kuwi gelem ora gelem kudu diadhepi.
Sejatine miturut panemuku, mbuh
kuwi bener mbuh ora, kasunyatan sing kaya ngana kuwi wis digarisna dening sing
Maha Kuwasa supaya urip ing donya bisa laras. Sing gedhe nulung sing cilik,
sing kuwat mbiyantu sing ora kuwat. Nanging kaya apa sing kedadeyan? Ing jaman
saiki sing dumadi, sing gedhe mangan sing cilik. Sing kuwat ngidak-idak sing
kesrakaat. Donya, pangkat lan drajat sing dadi ukuraning urip.
Pak Wiryo, lan wong-wong sing manggon ning mburi lapangan golf sing kudu minggir amarga dianggep ora ana maneh nilai ekonomise kanggo pembangunan kutha. Nanging wong kaya Pak Wiryo arep ngapa? Bisa apa? Ora ana sing dinggo ngomong sora nalika ganti rugi sing ditampa kuwi, ajine ora sepiraa.

"Pak, wong puthune sampeyan
enak. Piye yen tak silihi modhal, terus gawe home industri, puthune diwenehi
cap terus didol nyang supermarket?"
"Wah, mangke yen kula mboten ider mriki malih, njenengan kangelan ndadak pados puthu teng supermarket," Pak Wiryo ngguyu latah-latah.
"Kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok Mas. Sing penting saged damel urip lan nyekolahke anak. Wong kula niku nggih mboten gadhah warisan napa-napa kangge anak kula. Sak mboten-botene, nek kula dadi bakul puthu, anake kula nggih sampun ngantos kados bapake."
Biyen aku nate nawani Pak Wiryo, supaya anake nyambutgawe neng pabrik nggonku. Kebeneran nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar. Aku malah ngomong yen anake mesti ditampa, awit sing nggawa aku. Ora usah gawe lamaran. Karepku nulung Pak Wiryo, tinimbang anake nganggur.

"Golek gaweyan saiki angel
lho Pak."
"Wong tiyange tesih sekolah
kok Mas."
"Rak wis lulus SMA ta?"
"Lha nyuwun kuliah niku Mas.
Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa... niku, skripsi napa,... Duka napa
jenenge. Pokoke mpun meh rampung...kantun setunggal niku." Skripsi? Anake
Pak Wiryo kuliah? Apa kuwat Pak Wiryo nguliahake anake? Kuwi mung tak batin
wae. Kuwatir yen Pak Wiryo mengko tersinggung.
Wis meh rong minggu iki ora
keprungu swara mbrenginging, saka grobag puthune Pak Wiryo. Aku ora ngerti kena
apa Pak Wiryo ora katon liwat ning dalan ngarep omahku. Apa Pak Wiryo lara? Apa
omahe digusur? Kaya ana sing kongkon, aku noleh kiwa dalan.
Sore kuwi aku nembe mulih saka kantor. Aku ngerem mobil ndadak. Ora maelu kendaraan-kendaraan ning mburiku sing padha ngunekna klakson. Stir dak buwang mengiwa menggok mlebu ning jurusan lapangan golf. Ning sawijining gang aku mandeg. Kepeksa mudhun saka mobil awit dalane ora bisa diliwati mobil. Aku mlaku saurute pager sisih njaba lapangan golf sing durung rampung digarap kuwi.
Aku yakin, dalan kuwi sing saben dina diliwati Pak Wiryo. Nyawang mengarep. Rodha-rodha traktor nggiles ngratakna lemah. Akeh wong nganggo helm kuning. Ning panggonan liya, ora adoh saka kana, ana wong-wong padha nglumpukna kayu-kayu tilas omah, seng lan barang-barang liyane sing isih bisa dienggo. Aku ora ngerti apa wong-owong kuwi sing duwe omah sing digusur apa mung pemulung sing nggoleki barang-barang tilas. Sing tak ngerteni, kampung kuwi wis rata karo lemah. Lan omahe Pak Wiryo mesti klebu salah sijine omah sing dadi mangsane buldoser.

Srengenge manglung mengulon.
Alon-alon aku ninggalake papan panggonan kana. Perusahaanku ya duwe buldoser
kaya ngana kuwi.
Kelingan karo Pak Wiryo, karo wong-wong sing mung bisa nyawang omahe diratakna karo lemah. Wong-wong sing kalah dening ukeling jaman. Kalah karo panguwasane dhuwit. Wong-wong sing kanggo tumbal modernisasi lan kapitalisme. Apa kemajuwan jaman kudu mesti ana sing dikurbanake? Aku kelingan, atasanku wingi uga ngomong, yen sawah mburi pabrik duweke penduduk wis dibebaske arep dinggo mbangun unit anyar.

Srengenge mbranang ing langit
sisih kulon. Manuk-manuk mulih menyang susuhe. Cagak-cagak listrik,
gedhung-gedhung tingkat njenggereng mandeng langit. Layangane bocah-bocah cilik
jogedan sajak ngece. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg neng ngarep omah.
Nanging wis ora ana maneh swarane mbrenginging saka grobage Pak Wiryo. Wingi
aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake menyang Batam. Anak sing nate tak
tawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah. Cumclaude! Dheweke dijaluk sawijining
perusahaan Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing nate diomongna Pak
Wiryo: "Yen nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas, kula dereng kalah...."(*)
Dening:A.Adi/ Panjebar
Semangat-04/2006
Wangsulana
Pitakon-pitakon iki kanthi trep!
1.
Sebutna unsur-unsur instrinsik ing cerkak!
2.
Tulisen isi cerkak “Aku durung Kalah”!
3.
Tulisen ringkesan/sinopsis cerkak “Aku
durung Kalah”!
4.
Apa tegese pawarta lisan lan tulisan?
5.
Sebutke kaidah panulisan pawarta!
Jawaban:
1.
Unsur-unsur intrinsik cerkak: tema,
paraga, watak, latar/setting, sudut pandang, alur/plot, lan amanat.
2.
Kawicaksanan dwija
3.
Kawicaksanan dwija
4.
Pawarta lisan yaiku pawarta kang
digiyarake sarana lisan. Pawarta tulisan yaiku pawarta kang digiyarake sarana
tulisan.
5.
Kaidah panulisan pawarta (5W+1H)
1.
What : Apa kedadeane?
2.
Who : Sapa sing ana ing sajroning kedadean?
3.
When : Dhek kapan kedadeane?
4.
Where : Ing ngendi kedadeane?
5.
Why : Genea bisa kedadean?
6.
How : Kepriye kedadeane?
Rubrik penilaian
No
|
Kriteria
Jawaban
|
Total skor
benar
|
||
1
|
Tidak mampu menyebutkan unsur instrinsik (nilai 0)
|
Menyebutkan 3 unsur instrinsik cerkak (nilai 15)
|
Menyebutkan unsur-unsur intrinsik cerkak secara
lengkap (nilai 20)
|
20
|
2
|
Tidak menjawab (nilai 0)
|
Menjawab isi cerkak hanya sebagian (nilai 15)
|
Mampu menjawab isi cerkak dengan baik (nilai 20)
|
20
|
3
|
Tidak menjawab (nilai 0)
|
Menulis sinopsis hanya setengah jawaban (nilai 15)
|
Menulis sinopsis dengan baik (nilai 20)
|
20
|
4
|
Tidak menjawab (nilai 0)
|
Hanya menjawab arti pawarta lisan atau pawarta tulis
saja (nilai 15)
|
Menjawab dengan baik arti pawarta lisan dan tulisan
(nilai 20)
|
20
|
5
|
Tidak menjawab (nilai 0)
|
Hanya menyebut 3 kaidah penulisan pawarta (nilai 15)
|
Menyebutkan kaidah penulisan pawarta secara lengkap
(nilai 20)
|
20
|
Nilai
Total
|
100
|
Post a Comment for "Tugas M6 KB 3 Menulis Tes Hasil Belajar"