Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

TUGAS KB-1 BASA NGOKO



Gatekna pacelathon ing ngisor iki.
Outbond ing Masjid Agung Jawa Tengah (MAJT)
Anggara         : “Assalamu’alaikum.”
Bapak              : “Waalaikumsalam. Ana apa, le?”
Anggara         : “Kula bade taken, Pak.”
Bapak             : “We la dalah, arep takon apa, Le?”
Anggara          : “Puniko lho, Pak. Kula kala wau rak pikantuk tugas saking guru kula ngengingi Masjid Agung Jawa Tengah (MAJT). Para siswa supados outbond dateng ngrika. Sasampunipun outbond lajeng damel laporan pengamatan.”
Bapak              : “Oh, ngono. Bapak ya bola-bali tindak rana karo kanca-kanca kantor.”
Anggara          : “Kaleresan. Menawi mekaten, saderengipun kula outbond, langkung rumiyin taken dhumateng Bapak, supados menawi outbond boten gunyak-gunyuk nglelingsemi.
Bapak             : “Apa kuwi, Le? Kowe saiki kok tambah pinter?”
Anggara          : “Kula dipun-ngendikani guru Basa Jawi, bilih dados murid boten kenging gunyak-gunyuk nglelingsemi, tegesipun boten gragapan ngisin-ngisini kados tiyang ingkang sampun sepuh sanget, ingkang tiyang sepuh kala wau tuwas tanpa isi.”
Bapak              : “Oh mangkono karepe? Banjur kowe arep outbond kapan, Le?”
Anggara          : “Benjing Minggu, Pak. Lajeng wonten ngrika kajawi masjid, punapa kemawon ingkang saged dipuntingali?”
Bapak             : “Akeh Le. Yen mengko sida mrana, kowe bisa ndeloki menara masjid. Malah kowe bisa tekan pucuking menara.”
Anggara          : “Kados pundi caranipun, Pak? Kula kesengsem sanget.”
Bapak             : “Carane, kowe menyang dhasar menara. Ing kana mengko, kowe tuku tiket disik regane kurang luwih limang ewu rupiyah. Sawise ngono, kowe antri numpak lift. Lift ing kana ana rong panggonan. Amarga sing arep padha ndeloki wong akeh, mulane pada antri. Mligine dina Setu Minggu plancongan utawa pengunjung akeh. Mula yen antri ya sabar.”
Anggara          : “Manawi ‘motong kompas’ nyuwun rumiyin, pareng punapa boten, Pak?”
Bapak             : “Ora kena. Budaya antri kudu dilestarekake. Ora kena motong kompas, senajan wis kenal karo petugas lift. Tumindak kaya mangkono kudu didohi.”
Anggara         : “Lajeng, wonten pucuking menarawonten punapanipun, Pak?”
Bapak             : “Ing pucuking menara ana teropong. Teropong iki bisa digunakake yen diisi koin. Mulane kudu ngijolake koin marang petugas disik. Sawise kuwi, koin dilebokake ing teropong, banjur teroponge aktif. Yen teroponge aktif, tegese bisa digunakake kanggo ndelengi laut Jawa utawa segara Jawa, Tanah Mas, Pantai Marina, Gombel, lan papan panggonan liyane kang adoh.”
Anggara         : “Wah sae sanget nggih, Pak. Kula inggih kepengin sanget. Nanging punika dintenipun nembe Senen, ateges taksih setunggal minggu malih. Kajawi menara, wonten punapa malih, Pak?”


 















Gambar Payung Magnet ing Masjid Agung Jawa Tengah (lumantar http://www.google.com//gambarpayungmasjidagungjawatengah )

Bapak             : “Kejaba menara, isih ana maneh payung magnet. Payung iki mapan ing teras masjid. Anggone mbukak payung magnet ora saben wektu, nanging wektu tartamtu wae.”
Anggara          : “Kapan, Pak? Payungipun wiyar punapa boten, tuwin werninipun punapa?”
Bapak             : “Payung sing dipasang cacahe kurang luwih enem lan dibukak ing wektu tartamtu, umpomo jumatan, sholat tarwih, manasik kaji, pengajian akbar, lan liya-liyane. Amarga sapisan mbukak payung iki, ora sitik prabeya kang kudu ditokake. Payung iki amba banget, wernane putih.”
Anggara          : “Kajawi payung magnet, punapa wonten dangdutipun, Pak?”
Bapak              : “We, la dalah. Dangdut ya ora ana ta, Le. Werna-werna wae sing koktakokake.”
Anggara          : “Oh, boten wonten, kula kinten wonten. Lajeng punapa malih?”
Bapak              : “Ing parkir ana montor-montoran, mligine yen Setu, Minggu, lan dina libur.”
Anggara          : “Wah sae nggih.”
Bapak             : “Malah yen pengin numpak kreta mini uga ana. Bayare cukup murah mung telung ewu limang atus rupiyah. Yen ngelak arep ngombe ya akeh wong dodolan. Sajabaning masjid ya ana, sacedhake papan parkir ya ana, pujasera sisih kidul masjid uga ana. Malah yen arep tuku souvenir uga wis disediyani. Wis ta, pokoke lengkap alias genep banget.”
Anggara          : “Inggih, katranganipun Bapak jangkep sanget. Ndadosaken kula kepengin sanget enggal kesah ngrika.”
Bapak             : “Iya, Le. Nanging iki lagi Dina Senen, ing mangka anggonmu outbond dina Minggu. Ateges isih saminggu maneh.”
Anggara          : “Wah, katranganipun Bapak jangkep sanget. Matur nuwun, nggih?”
Bapak             : “Ya, padha-padha, Le. Ayo saiki padha mangan bareng. Ibumu lan adhimu wis nunggu wiwit mau.”
Anggara          : “Inggih, Pak. Kula inggih sampun luwe. Manga kula dherekaken.”



Ayo tembung-tembung ing teks pacelathon kasebut sing salah, ditulis lan disebutake sing bener!
No
Tembung sing Salah Tulisane
Tulisane sing Bener
1.
bade
badhe
2.
puniko
punika
3.
dateng
dhateng
4.
manawi
menawi
5.
kajawi
kejawi
6.
umpomo
upama
7.
disik
dhisik

Pilahen tembung-tembung ing pacelathon kasebut miturut ragam unggah-ungguh basa!
No
Ragam Unggah-ungguh Basa
Tembung
1.
Ngoko
takon
bola-bali
saiki
tambah
ngisin-ngisini
karepe
akeh
mengko
sida
mrana
ndelok
tuku
dhisik
regane
numpak
ndelok
antri
dina
dilestarekake
ora
kena
kenal
tumindak
didohi
ngijolake
sawis
dilebokake
kepingin
isih
ana
mbukak
wektu
dipasang
ditokake
amba
werna
putih
ora
ana
koktakokake
bayare
murah
ngelak
ngombe
dodolan
sajabaning
digunakak
sacedhake
tuku
lengkap
genep
kepengin
mangan
nunggu
ndeleng
ayo
bisa
2.
Ngoko Alus
nuwun
matur
luwe
kula
tuwin
sae
3.
Krama
taken
badhe
pikantuk
ngengingi
sasampunipun
damel
saderengipun
nglelingsemi
kenging
sepuh
kesengsem
dinten
wiyar
werni
boten
wonten
jangkep
sanget
kesah
enggal
ngrika
sampun
kenging
mangga
lajeng
dipuntingali
4.
Krama Inggil
tindak
ngendikani
dherekaken

Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "TUGAS KB-1 BASA NGOKO"