Tugas Akhir Modul 2 Profesional Bahasa Jawa
1. Gegayutan karo keterampilan micara lan unggah-ungguh
basa Jawa, coba Panjenengan gawe teks pacelathon (dialog) antarane wong loro
utawa luwih nggunakake basa Jawa krama alus kanthi tema "Nonton kethoprak
ing RRI Surakarta".
Wangsulan.
Wengi iku Karman, Trisno, lan
Dirman, lagi ngrondha ing pos kamling. Sinambi ngrasakake jagung bakar kirimane
bojone Karman, rengeng-rengeng ngrungokake radhiyo kang lagi nyiarke kethoprak.
Trisno : “Owalah....kang Karman,
jagung bakaripun sajag eca sanget. Ageng-ageng ugi. Menapa mbakar piyambak?”
Dirman : “Leres, kang Trisno.
Pancen jagung bakaripun kraos eca sanget.”
Karman : “He he he..... nggih, kang
Trisno, kang Dirman. Menika jagungipun piyambak. Sonten wau kula ing pategalan
mendhet jagung. Lajeng kula suwun garwa kula supados mbakar kangge rondha.”
Trisno : “Wah...panen menika
nggih, kang Karman.”
Karman : “He he he... nggih. Oh
nggih, kang, kula emut. Kepireng swanten siyaran radhiyo menika, kula wau
pikantuk kabar saking pak Lurah bilih ngenjing wonten kethoprak ing RRI
Surakarta.”
Dirman : “Kapan menika
wekdalipun?”
Karman : “Pak Lurah ngendikan bilih
kethoprakipun dipunwiwiti tabuh 8 dalu.”
Trisno : “Kethoprak saking pundi
menika, kang Karman?”
Karman : “Saking Pati, Kang.
Kabaripun menika RRI Surakarta nembe ngawontenaken lomba jurnalistik. Pramila
kangge miwiti acara, dipunbikak kaliyan kethoprak.”
Dirman : “Wah....nggih mathuk
sanget. Kadospundi bilih ngenjing kita ningali?”
Trisno : “Menapa jenengan boten
wonten acara, kang Dirman, sajag badhe mirsani?”
Dirman : “Boten wonten, Kang Tris.
Jadwal piket rondhanipun piyambak nggih 2 dinten malih.”
Karman : “Bilih mekaten, kula
sarujuk. Kadospundi, kang Tris, kang Dirman?”
Dirman : “Kula nggih sarujuk.”
Trisno : “Kula sarujuk ugi.”
Karman : “Nggih, sampun. Sbab
sedaya sampun sarujuk, ngenjing kula lan panjenengan sedaya bidhal wonten ing
RRI Surakarta.”
Dirman : “Nggih, sampun. Sumangga
kula lan panjenengan samenika muter ngrondha supados dusun menika aman lan
terkendali.”
Karman lan Trisno : “Siap.”
2. Bakal ana sawijining pahargyan manten. Sing mantu
tangga Panjenengan. Panjenengan disuwuni tulung minangka jejer pambiwara ing
pahargyan mau. Coba Panjenengan gawe teks nganggo basa Jawa krama alus sing
bakal Panjenengan agem minangka dhasar maosake urut-urutane adicara sing bakal
lumaku ing pahargyan iku mau komplit lan para paragane.
Wangsulan.
Assalamu’alaikum wa rohmatullahi wa barakatuh.
Alhamdulillahirabbil ‘alamin. Wassholatu wassalamu ‘ala asyrofil anbiya’i
wal mursaliin. Sayyidina wa maulana Muhammadin. Wa’ala aalihi washohbihi
ajma’in. Amma ba’du.
Mahardikeng
tyas ring kamardikan. Nugraha miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Agung.
Mugi anggung wonten ing jiwangga kita sawegung. Waradin sagung dumadi raharja,
niskala, satuhu.
Hadratil ulama’ walkurama’. Katur para alim, ulama’, para kyai ingkang tansah
kita ta’dzimaken. Para sesepuh pinisepuh ingkang pantes sinungkeman. Para sanak
kadhang sentana warga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja. Para
kaneman mudha ingkang tansah kinasih ing Gusti. Waradinipun dhumateng
sanggyaning para rawuh, kakung putri wredha mudha minulya.
Sagah kajibah
mingkuh katempuh. Mestuti dhawuhipun pamangku gati nun nggih bapak Winarko
sekalian. Keparenga kula pun Ahsani Taqwim marak ing ngarsa panjenengan. Awit
ing titi wanci menika kula kadhawuhan mranatacara wonten ing pawiwahan
dhaupipun rara ayu Sekar Arum putrinipun bapak Winarko sekaliyan, pikantuk
dhimas bagus Arya Sena priyatmajanipun bapak Susanto sekaliyan saking tlatah
Pati.
Para rawuh
kakung putri wredha mudha minulya. Burat padha tresneng putra sisa brama welut
wisa. Hambok bilih wonten lumunturing sih keparenga kula angaturaken
reroncening lampah-lampahing adicara pahargyan ing siyang menika ingkang
asasana ing dusun Tuyuhan Rt. 11 Rw. 05 kec. Pancur kab. Rembang, amarengi ari
radite palguna utawi minggu pon surya kaping 26 Agustus 2018 warsa masehi.
Menggah
reroncening adicara pahargyan ing siyang menika nuninggih:
Sepisan, purwaka utawi pambuka
Dwityacara utawi adicara ingkang
angka kalih, nuninggih pamaosan ayat-ayat suci al Quranul karim ingkang
samangke badhe dipunwaos dening sedherak Muhammad Usman.
Trityawaca utawi adicara ingkang
angka tiga, atur pasrah panimpining pengantin. Aturing pasrah pengantin priya samangke
badhe katindakaken dening bapak Munadi. Atur panampining pengantin putri
samangke badhe katindakaken dening bapak Mas’ud.
Purna adicara pasrah panampining
penganten, samangke kalajengaken adicara adat ingkang badhe karigenaken dening
risang juru paesing pengantin nuninggih ibu Suryaningsih saking sanggar rias
Sekar Ayu Tlogomojo Rembang.
Adicara ingkang angka gangsal
nuninggih bojana utawi istirahat.
Adicara ingkang angka nem atur
pangandikan medharsabda utawi mau’idzotul hasanah ingkang samangke badhe
kaaturaken dhumateng Bapak Kyai Muhammad Yafi’udin.
Dene adicara ingkang pungkasan
nuninggih doa ingkang badhe katindakaken dhumateng bapak Kyai Wahyudi Arif.
Mekaten para
rawuh reroncen lampahing adicara pawiwahan ing siyang menika. Ing salajengipun sinambi
nengga tumapaking adicara, sumangga panjenengan sedaya kula derekaken
hanyekecakaken lelenggahan sinambi mangun oneng mangun rarasruming driya utawi
kangen-kangenan.
Sumangga....nuwun.
Post a Comment for "Tugas Akhir Modul 2 Profesional Bahasa Jawa"