Tugas Akhir Modul 3 Profesional Bahasa Jawa
1.
Wacanana ukara mawa aksara Jawa ing ngsior iki kanthi
bener lan pener!
Ukara
|
Unine
|
![]() |
Nabi Nuh
|
![]() |
Kabupaten Sampang
|
![]() |
Fungsine vitamin tumrap kasarasan
|
![]() |
Ghazali lan Ghulam Ahmad
|
![]() |
Jembare kebon ana 250 meter persegi
|
2.
Gatekana
geguritan ing ngisor iki, banjur wacanana kanthi wicara, wirama, wiraga, lan
wirasa kang trep!
Kabeh
Ana Wektune
Dening:
A.S. Yasman
Aja
mbungahi yen lagi lungguh kursi
Sakwayah-wayah
nampa fee
Yen
mlaku langak-langak
Ora
bisa mlengak
Senengane
ndilat ndhuwuran
Ngidak
ngisoran
Mengko
yen kalepyan
Aja
kumalungkung adol gendhung
Yen
lagi diugung
Banjur
ngempalake aji mumpung
Lali
petung
Mengko
yen lingsir keprabon
Mundhak
takon ?!
Kabeh
ana wektune
Ana
wektune ditinggal lunga
Ana
wektune ngumbar esem
Ana
wektune nyepaplem
Ana
wektune lakak-lakak
Ana
wektune diseplak
Mula
sing eling lawan waspada
Supaya
ora gela!
Ora
percaya?
Entenana
titi kalamangsa!!!
(kajupuk saka Mulyana, 2014: 47)
3.
Golekana
purwakanthi, lelewaning basa, lan isine geguritan ing ndhuwur kuwi!
a.
Purwakanthi
·
Purwakanthi
swara :
Yen mlaku langak-langak
Ora
bisa mlengak
Senengane ndilat ndhuwuran
Ngidak ngisoran
Aja
kumalungkung adol gendhung
Yen
lagi diugung
Banjur ngempalake aji mumpung
Lali
petung
Mula sing eling lawan waspada
Supaya ora gela!
Ora percaya?
Entenana titi kalamangsa!!!
·
Purwaknthi
Sastra :
Aja kumalungkung adol gendhung
Yen lagi diugung
Banjur ngempalake aji mumpung
Lali petung
·
Purwaknthi
Lumaksita :
Sakwayah-wayah nampa fee
Ana wektune
ditinggal lunga
Ana wektune
ngumbar esem
Ana wektune
nyepaplem
Ana wektune
lakak-lakak
Ana wektune diseplak
b.
Lelewaning
Basa
·
Pararelisme :
Ana wektune ditinggal lunga
Ana wektune ngumbar esem
Ana wektune nyepaplem
Ana wektune lakak-lakak
Ana wektune diseplak
c.
Isi
geguritan :
Geguritan ingkang irahan-irahanipun “Kabeh Ana Wektune” ing nginggil menika
wosipun tumrap manungsa nalika gadhah kedhudhukan ingkang inggil, kedahipun
tansah emut lan waspada. Jabatan ingkang inggil menika prayoganipun sampun
ngantos andadosaken manungsa ingkang gumedhe. Kaliyan tiyang ageng tansah ngunggul-nggungulaken.
Wondene kaliyan tiyang alit, samena-mena utawi adamel sangsara.
Jabatan menika amanah. Sampun ngantos kanthi jabatan menika, manungsa supe
marang tugas pokok saking jabatan menika saengga ngalalaken sedaya cara lan
tumindak duksiya “atas nama” jabatan. Sedaya wonten titi wancinipun. Sedaya ing
donya menika minangka titipan saking Gusti Kang Maha Kuwasa. Bilih sampun
rampung titi wancinipun, bakal wangsul malih.
Citraan ing geguritan niki nopo ya?
ReplyDelete