Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Tugas Akhir Modul 5 Profesional Bahasa Jawa



1.      Coba panjenengan nonton salah sawijining lakon kethoprak ana ing dhaerah panjenengan utawi ing youtube (bisa kethoprak Pati, Tulung Agung, RRI, lll).
2.      Sabanjure analisisen struktur kethoprak kasebut, mligine ing babagan lelewaning basa (gaya bahasa).
3.      Kumpulna tugas kasebut ing file Word.
Wangsulan.
Kethorak WAHYU MANUNGGAL – Rembang. Kanthi lakon “Dhamar Wulan Ngarit”
Sinopsis Crita
Kawiwitan crita saka kadipaten Blambangan ingkang dipimpin dening Adipati Wurubisma Minakjingga. Ing Blambangan, Adipati Minakjingga duwe karep arep nggarwa Ratu Kencana Wungu saka Majapahit. Kabeh kang ana pasewakan, saka petinggi kadipaten tumekaning garwa Minakjingga, diwenehi pengumuman yen satemene Minakjingga arep nggarwa Ratu Kencana Wungu. Saka iku, Adipati ngirim utusan supaya bisa nyampekake nawala marang Ratu.
Sawetara iku, ing pasewakan agung Majapahit, Ratu Kencana Wungu paring dhawuh marang para petinggi lan satriya ing Majapahit. Patih Logender, Layang Seto, Layang Kumitir, lan para pangarsatamaning Majapahit. Saweg tinimbalan anglaporake kahanan ana ing Majapahit. Ing kana, Ratu Kencana Wungu dhuhkita jalaran para senopati agung lan adipati-adipati kang kondang, gugur anglawan Minakjingga. Patih Logender anglipur Sri Ratu supaya sampun dhuhkita sebab Majapahit isih ana senopati-senopati liyane.
Ora suwe, utusan saka Blambangan sowan ing Majapahit ngaturake nawala saka Adipati Minakjingga kang isine rep nggarwa Ratu Kencana Wungu. Mangerteni kahanan iku, Layang Seto lan Layang Kumitir cancut tumandhang ngajak geger marang utusan. Kanthi panengahing saka patih Logender, swasana bisa karedhem malih.
Ing panggonan liya, Dhamar Wulan matur marang ibune. Dheweke takon sapa sejatine bapake. Kanthi katrangan saka Eyange yaiku Sentanu, apa kang dadi pitakone Dhamar Wulan, wis kajawab. Saka katrangan iku, Dhamar Wulan arep lunga menyang Krajan Majapahit saperlu golek penggawean.
Tumekane ing kepatihan Majapahit, dheweke ketemu karo Anjasmara yaiku putrine patih Logender. Kanthi usulan saka Anjasamara, pungkasane Patih Logender menehi gawean marang Dhamar Wulan. Sbab dianggep kleru dening Patih amarga ngadangi Layang Seto lan Layang Kumitir sing arep mlebu ing kepatihan, Dhamar Wulan didunke penggaweane dadi wong kang ngopeni jaran. Saka kana iku winih asmara tumrap Anjasmara lan Dhamar Wulan, saya ngrembaka.
Ing pasewakan Agung Majapahit, Ratu Kencana Wungu dhawuh marang Patih Logender supaya nggoleki pawongan kang sinebut Dhamar Sasongko. Patih Logender ngaturi pirsa bilih Dhamar Sasongko sejatine iku ana ing Kepatihan. Sawise ngadhep marang Ratu Kencana Wungu, Dhamar Wulan pikantuk nawala saka Ratu supaya nyirnakake Minakjingga.
Sawise nampa nawala saka Ratu, Dhamar Wulan age-age lunga menyang Blambangan. Adipati Minakjingaga pancen kasuwur sekti mandraguna. Kabeh kadigdayan apa wae gak bisa ngalahake. Kanthi bantuan saka garwane Minakjingga, Dhamar Wulan mangerti apa kang dadi kekuatane Minakjingga lan pengapesane. Sawise nampa gaman kang dadi sumber kekuatan Minakjingga, Dhamar Wulan perang tanding. Pungkasane, Minakjingga bisa kalah saka Dhamar Wulan kanthi gaman kang diwenehake saka garwane Minakjingga. Minakjingga gugur.

Analisis unsur intrinsik
1.      Tema : Paprangan
2.      Paraga lan watak
a.       Ratu Kencana Wungu à Wicaksana, adil, bebuden luhur, asih
b.      Patih Logender à wicaksana, mituhu marang ratu
c.       Dhamar Wulan à Ksatria, sabar
d.      Anjasmara à ngalembana, kemayu
e.       Minakjingga à sombong, culika
f.        Layang Seto à ksatria, ora sabaran
g.      Layang Kumitir à ksatria, ora sabaran
h.      Eyang Sentanu à wicaksana
i.        Palupi (ibu Dhamar Wulan) à setya, ajrih kelangan
j.        Waito à ora setya, ngugemi kabecikan
k.      Puyengan à ora setya, ngugemi kabecikan
3.      Alur
Alur crita ing lakon kethoprak iki ngunakake alur maju (linier)
4.      Latar
Latar Papan                 : Negari Majapahit, Kepatihan, lan Blambangan.
Latar Wektu                : Nalika jaman kerajaan Majapahit,
Latar Suasana              : Suasana Perang.
5.      Sudut pandang
Ing crita iki, panulis mosisikake awake dhewe minangka pihak ingkang angka telu. Mung dadi pengamat crita.
6.      Amanat
Crita kethoprak “Dhamar Wulan Ngarit”, menehi amanah kanggo para pamiyarsa yen watak adigang, adigung, lan adiguna bakal lebur dening watak kabecikan. Sapa wonge sabar anglakoni urip iki kanthi trus ngukuhi kabecikan, bakale mulya.
7.      Lelewaning basa
a.      Hiperbola
Ratu Kencana Wungu : “.....Paman Adipati Ranggalawe minangka Adipati ing Kadipaten Tuban, ingkang sampun kondhang kaloka sundhul ing antareksa
b.      Simile
Dhamar Wulan: “Eyang...kula menika sampun diwasa. Menapa namung cekap kula gesang ing ngalam donya njur mapan ing Karangpatih saterus, Bapa? Kok kados kula..kados kodok ingkang katutupan bathok.”

Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "Tugas Akhir Modul 5 Profesional Bahasa Jawa"