Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Tugas Akhir Modul 6 Profesional Bahasa Jawa



Sabanjure maca lan nyinaoni modul 6 babagan kajian teks, saiki bakal ana tugas kanggo luwih nengenake kawruhe ing babagan materi teks pawarta, teks sesorah, teks karangan, teks pariwara, lan wara-wara.
1.      Coba goleka sawijining teks pawarta kang ngandhut nilai berita Suspence ana ing sawijining kalawarti basa Jawa, banjur golekana perangane pawarta saka teks pawarta sing mbok temokake!
2.      Gawea tuladha sesorah kang digunakake ana ing sawijining adicara pengeten dina kamardikan! Gawenen nganggo basa sing bener lan trep!
3.      Gatekna teks pariwara ing ngisor iki!

Jabarna apa isine informasi kang kamot ana ing pariwara kasebut!
4.      Gaweya tuladha wara-wara semi resmi kang ancase ngundang para warga rapat RT kanggo persiapan adicara pengetan dina pahlawan!
Tugas iki panjenengan kumpulake ing file word.

Wangsulan.
1.      teks pawarta kang ngandhut nilai berita Suspence
Atlet Pencak Silat Ngrangkul Jokowi lan Prabowo
Atlet pencak silat Asian Games 2018, Hanifan Yudani Kusumah, nyedhot kawigatene penonton cacah ewon ing padhepokan Taman Mini Indonesia Indah, Rebo (29/8). Sawise ngalahake atlet Vietnam, Tha Linh Nguyen ing final, Hanifan age-age munggah menyang podhium nyalami presidhen Jokowi lan Ketua Umum Ikatan Pencak Silat Indonesia (IPSI) Prabowo Subianto sing padha-padha mriksani.
Hanifan banjur ngrengkuh calon presidhen lelorone lan dirangkul dadi siji kinemulan gendera gula klapa abang putih. Penonton sing nyumurupi momen iku surak mbata rubuh. Para pejabat sing pinarak ing podhium, klebu Wapres Jusuf Kalla, uga padha jumeneng lan keplok-keplok.
Foto Jokowi-Prabowo rangkulan sanalika viral ing medhia sosial. Maklum, akhir-akhir iki swasana politik panas kaperbawan pemilu presidhen taun ngarep. Becik panyengkuyunge Jokowi lan Prabowo padha dene bengkerengan. Deklarasi #2019GantiPresiden sing katindakake simpatisane Prabowo ing Pekanbaru lan Surabaya dialang-alangi dening pro-Jokowi. Ing medhia sosial, lok-lokan, tantang-tinantang lan semon-semonan uga sangsaya panas. Hanifan mratelakake ngrasa prihatin nyumurupi congkrahe masyarakat merga politik. Mula ing kalodhangan mau dheweke sinurung “ngrukunake” Jokowi lan Prabowo kanthi pangajab para pendhukunge ing ngisor ora pijer padu wae. (sumber: Majalah Panjebar Semangat, No. 36, 8 September 2018)

Perangane teks pawarta “Atlet Pencak Silat Ngrangkul Jokowi lan Prabowo”
a.       Headline
è Atlet Pencak Silat Ngrangkul Jokowi lan Prabowo
b.      Dateline
è Majalah Panjebar Semangat, No. 36, 8 September 2018.
c.       Lead
è Atlet pencak silat Asian Games 2018, Hanifan Yudani Kusumah, nyedhot kawigatene penonton cacah ewon ing padhepokan Taman Mini Indonesia Indah, Rebo (29/8). Sawise ngalahake atlet Vietnam, Tha Linh Nguyen ing final, Hanifan age-age munggah menyang podhium nyalami presidhen Jokowi lan Ketua Umum Ikatan Pencak Silat Indonesia (IPSI) Prabowo Subianto sing padha-padha mriksani.
d.      Body
è Hanifan banjur ngrengkuh calon presidhen lelorone lan dirangkul dadi siji kinemulan gendera gula klapa abang putih. Penonton sing nyumurupi momen iku surak mbata rubuh. Para pejabat sing pinarak ing podhium, klebu Wapres Jusuf Kalla, uga padha jumeneng lan keplok-keplok.
Foto Jokowi-Prabowo rangkulan sanalika viral ing medhia sosial. Maklum, akhir-akhir iki swasana politik panas kaperbawan pemilu presidhen taun ngarep. Becik panyengkuyunge Jokowi lan Prabowo padha dene bengkerengan. Deklarasi #2019GantiPresiden sing katindakake simpatisane Prabowo ing Pekanbaru lan Surabaya dialang-alangi dening pro-Jokowi. Ing medhia sosial, lok-lokan, tantang-tinantang lan semon-semonan uga sangsaya panas. Hanifan mratelakake ngrasa prihatin nyumurupi congkrahe masyarakat merga politik. Mula ing kalodhangan mau dheweke sinurung “ngrukunake” Jokowi lan Prabowo kanthi pangajab para pendhukunge ing ngisor ora pijer padu wae.

2.      Tuladha sesorah adicara pengetan dina kamardikan.
Assalamualaikum wr.wb
Panjenenganipun K. Ahmad Wahyudi. Minangka ketua takmir Masjid Jami’ Tuyuhan ingkang dhahat kinurmatan.
Bapak bapak ingkang kinurmatan
Lan kanca-kanca remaja Masjid ingkang kula tresnani.
        Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng ngaturaken raos puji syukur dhumateng Allah Swt. ingkang sampun maringi kanikmatan, kesehatan, raharja, lan kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan, satemah ing wanci menika kita saged makempal manunggal wonten mriki kanthi sehat wal ‘afiat, kangge mengeti dinten kamardikan Indonesia utawi 17-an.
        Para rawuh ingkang minulya.
        Wonten ing wanci punika, kita saged ngenang malih prastawa ingkang ajrih dhumateng sedaya bangsa Indonesia, inggih menika dinten kamardikan 17 Agustus. Kamardikan menika anggadahi artos, yaiku bangsa Indonesia sampun mardika lan bebas saking para penjajah ingkang padha durjana. Para pemudha lan pahlawan-pahlawan ing jaman sakmenika padha toh nyawa kangge mbebabasaken Indonesia saking panjajah negeri menika.
        Menawi kita ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, menika atusan tahun dipunjajah dening bangsa asing, inggih menika dipunjajah dening walanda lan Jepang. Indonesia boten anggadahi kabebasan. Ngantos atusan tahun rakyat Indonesia urip ing cengkramanipun kaum penjajah. Rakyat Indonesia boten anggadahi kabebasan, ditindas lan dipunaniaya dening bangsa asing. Namung, kanthi rahmatipun Allah Swt. lan ugi kanthi semangatipun para pahlawan lan para pemudha bangsa Indonesia ingkang gigih, boten gampang mundur, para pejuang kita saged ngusir kaum penjajah saking Indonesia, satemah wonten tanggal 17 Agustus 1945 bangsa Indonesia memproklamasikaken dinten kamardikan Indonesia.
        Parah rawuh ingkang kinurmatan.
Kita saged ngisi kamardikan menika kanthi mujudaken:
1.      Paring pakurmatan dhumateng tiyang sepuh, luwih-luwih para pahlawan.
2.      Sami nglairaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking dhaerah, nggih kados bahasa jawi menika.
3.      Njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa lan negara.
4.      Dados pelajar kang becik inggih menika sami ngurmati dhumateng guru, sinau kanthi sregep, lan boten tawuran.
Lan taksih wonten kagiyatan-kagiyatan positif sanesipun ingkang saged dipuntindhakaken kangge mengeti dinten kamardikan menika.
          menawi minimal sekawan menika sampun ditindakaken dening kita, InsyaAllah kamardikan menika saged dipunraosaken dening sedaya masyarakat Indonesia. amargi samenika budhaya globalisasi sampun kathah anjalar wonten jiwanipun pemudha-pemudhi Indonesia. Namung, ingkang ajrih nggih menika, kita kedah njagi persatuan, kesatuan, lan karukunan saha boten ambeda-bedakaken sedherek-sedherek kita supados nagari Indonesia saged gemah ripah loh jinawi.
          Mekaten  atur kula minangka pengetan 17 Agustus menika. Mugi-mugi wonten mumpangatipun. Mbok bilih wonten atur saha patrap ingkang boten nuju prana, inggih awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, kaparenga panjenengan sedaya paring agenging samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

3.      Ing pariwara kasebut, maringi informasi bilih odol merek COLGATE’S Tandpasta saged ndadosaken abab kang sedep ambetipun. Mliginipun para wanodya saged nambah manisipun lan ngresepaken. Odol merek COLGATE’S Tandpasta minangka odol ingkang irit tikel kalih tinimbang merek sanesipun.

4.      Wara-wara semi resmi kanggo persiapan pengetan dina pahlawan.
WORO-WORO
Ngaturi pirsa dhumateng para warga Rt. 11 Rw. 05 desa Tuyuhan, sesambetan kaliyan dinten pahlawan surya kaping 10 Nopember 2018 ngenjang, kasuwun rawuhipun nuninggih ngenjing:
Dinten                  : Minggu
Surya kaping        : 7 Oktober 2018
Tabuh                   : 08.00 dalu
Papan                   : dalemipun pak RT
Kaperluan            : ngrembag persiapan mangeti dinten Pahlawan
Mekaten woro-woro menika kula aturaken. Mugia saged dados kawigatosan lan rawuhipun tansah dipuntengga.
Tuyuhan, 6 Oktober 2018

Ketua RT.

Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "Tugas Akhir Modul 6 Profesional Bahasa Jawa"