Geguritan: Klangenan Saben Donga
Geguritan ngisor iki nyritakake pawongan kang lagi nandhang kangen marang pacangane.
Klangenan Saben Donga
dening Ahsani Taqwim
Rinasuk hawa kang nggawa adhem
Kairing pasuryan cahyaning rembulan
Ing wengi kang dadi seksi
Adheme ati tansah ngugemi janji
Wruha sira sapa kae?
Dadi pangayem ing jroning nala
Mosiking angin kang dadi tanda
Eseme rembulan sajak ora percaya
Yen ing kene, pojok omah iki
Tansah ngenteni slirane
Pepesthi pilihane Sang Nata
Dadi klangenan ing saben donga
Tuyuhan, 10 Oktober 2019
Post a Comment for "Geguritan: Klangenan Saben Donga"