Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

OMAH JOGLO (Rumah Joglo)


OMAH JOGLO

Omah Joglo minangka wewangunan saka Jawa Tengah. Ing wewangunan omah joglo, seni arsitektur ora mung babagan seni konstruksi omah, nanging uga minangka wujud nilai lan norma masarakat pendukunge. Katresnane manungsa ing cita rasa kaendahan, semono uga sikep religius kawujud ing arsitektur omah joglo.
Joglo iku dumadi saka cengkorongan bangunan utama. Ana saka guru awujud cagak utama cacahe papat, lan pengeret tumpang sanga utawa tumpang telu ing dhuwure.
Bab iki nglambangake dene manungsa iku makhluk sosial kang ora bisa nglakoni urip kanthi dhewekan, nanging kudu tansah tulung-tinulung lan sesambungan karo wong liya. Kanthi saka guru kang kuwat minangka pondhasine omah iku negesake lamun karukunan lan mad sinamadan ing bebrayan iku uga kuwat lan masarakate uga kuwat. Yen wis kuwat sakabehe bisa ndadekake negarane uga kuwat. 
Sanajan awujud joglo, nyatane ana maneka warna jinise, tuladhane: joglo Limasan Lawakan, joglo Sinom, joglo Jompongan, joglo Pangrawit, joglo Mangkurat, joglo Hageng, lan joglo Semar Tinandhu. Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangane kaya kang kajlentrehake ing ngisor iki.
Teras utawa pendhapa dumunung ing ngarep dhewe. Fungsi utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Ana payon gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok, saengga ora kena soroting srengenge. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute.
Pringgitan mapan ana ing antarane pendhapa lan dalem. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan (saka tembung “ringgit” kang ateges wayang).
Dalem Agung wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Ing perangan iki mapan senthong/kamar Krobongan/senthong minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan guling.
Gandhok utawa Pawon/pekiwan mapan ana ing mburi dhewe. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo olah-olah, dhahar, lan adus. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar.
Saka andharan kasebut bisa dijupuk dudutan saka wewangunan omah joglo yaiku nenuntun manungsa supaya urip sesambungan karo wong liya (sosial) lan tulung-tinulung iku ndadekake manungsa ora ongas lan ngurmati siji lan sijine, lan uga ora bakal lali marang Gusti kang nitahake. Wewangunan fisik minangka sawijining tandha undhak-undhakane panguripane manungsa kang ngemot nilai intrinsik kearifan lokal. Sawijining kearifan lokal bisa ditemokake ing omah adat tradhisi. Omah adat minangka sawijining wujud nyata kabudayan kang bisa disawang kanthi kasat mata.

Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "OMAH JOGLO (Rumah Joglo)"