Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Cah Ayu Ar Rummana



Geguritan iki minangka sawijining geguritan kang digawe nggunakake sandi asma. sugeng maos.

Cah Ayu Ar Rummana
    dening Ahsani Taqwim

Dadi rasa mung sewates rasa
Eling esem kang dadi pangupa jiwa
Lali-lali nanging tansah milut ing ati
Iki tandha sejatining tresna
Mung slirane tan ana bandhinge
Ar Rummana kang dadi asmane

Nanging ati tan bisa kuwawa
Urip ijen tanpa sabawa rasa
Rasa kang kalamat-lamat
Munjukake donga marang Sang Kuwasa
Asepi swasana ing wengi tanpa cahya
Lair lan batin nyawiji marang Gusti
Amrih pepadhang sakabehing jati dhiri
Supaya pikoleh apa kang diupadi
Ar Rummana, cah ayu ing jalanidi
Rasa iki moga bisa nyawiji
Ing sliramu kang daktresnani

Tuyuhan, 10 Februari 2020

Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "Cah Ayu Ar Rummana"