Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Materi Sesorah kangge Piwulangan Basa Jawi ing Sekolah

 

Sesorah

1.      Definisi Sesorah

Sesorah yaiku ungkapan kang awujud ukara-ukara kang tinuju marang piyayi akeh utawa wacana kang disiapake lan diwaosake dhateng kalayak, kanthi ancas supaya pamiyarsa bisa mundhut teges, mahami, narima, sarta gelem nglakoni apa wae kang kawedharake dening piyayi kang sesorah.

2.      Metode Sesorah

 

Metode utawa cara sesorah iku bisa kaperang dadi 4, yaiku Metode impromptu (dadakan); ngapalake; naskah; saha ekstemporer (cathetan).

a.      Metode impromptu (dadakan)

Metode impromptu yaiku cara sesorah kang ora nganggo persiapan utawa ora direng-reng anggone  arep   sesorah   luwih   dhisik. Pamedhar sabda (piyayi   kang sesorah)   langsung medhar  sabda tanpa ngasta cathetan utawa naskah lengkap. Tembung lan ukara dipilih saha dironce langsung wektu  medhar  sabda.  Cara  iki  nduweni  kaluwihan  saha  kekurangan.  Kaluwihan metode impromptu yaiku :

a)      Bisa medharake apa wae kang ana ing  angen-angen kanthi jujur

b)       Gagasan kang diwedharake asipat spontan

c)      Ningkatake  nalar  utawai  ketrampilan  mikir  amarga  kudu  cepet  nemu  tembung, lan ngronce  ukara kang trep

Kekurangan metode impromptu  :

a)      kurang lancar utamane kanggo piyanyi kang durung duwe pengalaman

b)      Gagasan kadang ora  runtut

c)      Tembung akeh kang ora trep

d)      Grogi


b.      Metode ngapalake

Metode ngapalake yaiku   sesorah kanthi cara ngapalake isine teks sesorah. kang wis direng- reng sakdurunge. Sesorah kanthi cara iki, mbutuhake persiapan. Juru pamedhar sabda kudu ngasta  tulisan  (naskah)   luwih  dhisik    sakdurunge   nindakake  sesorah   banjur  diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Metode ngapalake trep kanggo:

a)      piyanyi kang duwe daya eling kang becik,

b)      topik sesorah kang dipilih asipat sederhana

c)      wektu sesorah kang ora suwe.

 

Kaluwihan  metode  iki  bisa  nglatih  ketrampilan  ngapalaken.  Kekurangan metode ngapalake

a)      piyayi   kang   sesorah   kadhang   kudu   ngeling-eling   apa   kang    arep   diwedharake saengga kurang lancar;

b)      polatan ora tumuju ana ing piyayi kang mirengake amarga ngeling-eling apa kang kudu diwedharake;

c)      irama cendhek dhuwure swara kadhang ora trep amarga pamedhar sabda fokus marang apa kang arep diaturake;

d)      kanggone pamedhar sabda kang durung duwe pengalaman lan ora apal isine sesorah kadhang dadi ora lancar


C. Metode naskah

Metode naskah yaiku sesorah kanthi cara maos isi- isining naskah kang wus direng-reng sakdurunge. Ana ing sesorah cara naskah utawa teks , juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para punggawaning negari, mligine ana ing upacara-upacara resmi. Metode naskah becik lan trep kanggone piyayi kang durung duwe pengalaman sesorah.

Kaluwihan metode naskah antara liya

a.   bisa milih tembung kang bejik lan trep;

b.   luwih lancar (amarga maos);

c.   bab kang ora jumbuh karo isi sesorah bisa diendhani.


Kejaba keluwihan, metode naskah nduweni Kekurangan antara liya:

a.   ora ana interaksi antara piyayi kang sesorah lan kang midhangetake;

b.   butuh wektu persiapan kang suwe; lan

c.   kaku.


D.  Metode  ekstemporer  (cathetan)

Metode cathetan yaiku   metode   sesorah   kanthi   nganggo   cathetan babagan  kang  penting (garis  besar)  saka  isi  sesorah. Kaluwihan metode iki antara liya

a)      interaksi karo piyayi kang midhangetake luwih apik tinimbang metode apalan lan naskah;

 

b)      pesen bisa diowahi jumbuh karo kebutuhan; lan

c)      luwih spontan.

 

Kejaba kaluwihan, metode cathetan uga duwie kekurangan. Kekurangan metode cathetan antara liya

a)      pilihan tembung kurang becik; 

b)      ana kemungkinan nyimpang saka cengkorongan; lan

c)      kurang lancar amarga kudu mikir golek tembung lan ngronce ukara.

.......

Materi jangkepipun saged di-unduh ing menika.

Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "Materi Sesorah kangge Piwulangan Basa Jawi ing Sekolah"