Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Teks Susunan Acara Peringatan Maulid Nabi Muhammad Saw untuk MC

 

foto dokumen penulis

Teman-teman semua yang berbahagia. Pada kesempatan kali ini, saya akan membagikan contoh teks pranatacara atau MC pada acara peringatan Maulid Nabi Muhammad Saw. Teks ini saya buat dalam bentuk Bahasa Jawa.

Teks ini merupakan teks yang khusus dibuat, untuk memudahkan para MC pemula yang belum pernah menjadi seorang pranatacara. Dengan hadirnya teks ini, akan memudahkan saat diminta oleh panitia menjadi pranatacara.

Teks ini dapat pula digunakan untuk memimpin acara selain peringatan Maulid Nabi. Seperti peringatan isra’ mi’raj, haul, dan lain-lain. Mengenai urutan acara dan pembukaan, dapat disesuaikan dengan selera dan keadaan di lapangan.

Teks pranatacara acara peringatan Maulid Nabi Muhammad Saw, dapat dibaca di bawah ini.

 

Pranatacara ing adicara Maulid Nabi Muhammad Saw.

 

Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarakatuhu

Alhamdulillahirabbil’alamin. Wassholatu wassalamu ‘ala sayyidina Muhammadin. Wa’ala alihi, washohbihi ajma’in.

Rabbisrohli shodri. Wayassyirli amri. Wahlul uqdatammillisani yafqouhi qouli. Amma bakdu.

 

Ing ngarsananipun para alim, para kiai, para asatidz. Mliginipun Simbah Kiai Abdul Wachid, saking tlatah Cluwak Pati, Jawi Tengah ingkang tansah kula lan panjenengan takdzimaken.

Bapak Kepala Desa saha segenap jajaran perangkat desa ingkang tansah kinurmatan.

Para sesespuh pinisepuh dusun….ingkang tansah apantes paring puja minulya.

Hadirin hadirat para rawuh kakung putri ingkang minulya.

 

Alhamdulillah. Kanthi ngunjuk syukur ing ngarsanipun Allah Swt ingkang sampun maringi dhateng kula lan panjenengan sedaya pinten-pinten kanikmatan. Nikmat Islam, sehat, saha kasempatan. Saengga wonten ing dalu menika, kita sedaya saged rawuh, makempal dados setunggal wonten ing halaman masjid ………., saperlu ndherek mengeti, wiyosanipun Nabi Muhammad Saw, kanthi kahanan ingkang sehat walafiat. Aamiin, allahumma aamiin.

Salawat saha salam mugi tansah kaaturaken dhumateng Rasulillah, Muhammad Saw, ingkang samangke tansah kita tengga-tengga syafaatipun ing yaumil qiyamah.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan.

Kula ingkang piniji pinitaya minangka pranata adicara. Wonten ing dalu menika badhe maosaken rantamaning acara pengetan Maulid Nabi Muhammad Saw. Nuninggih:

Angka setunggal, nuninggih pambuka

Adicara angka kalih, lantunan kalam illahi, pamaosan ayat-ayat suci al Qur’anul karim

Adicara ingkang angka tiga, gema salawat Nabi.

Adicara angka sekawan, sambutan-sambutan

Adicara angka gangsal inggih menika waosan tahlil.

Menggah acara ingkang angka nem, istirahat.

Kalajengaken adicara ingkang angka pitu, nuninggih atur medharsabda utawi mau’idzotul hasanah saha doa.

Acara ingkang pungkasan, inggih punika panutup.

 

Mekaten para rawuh, rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan wonten ing dalu menika. Sumangga, kita bikak adicara pengetan maulidir rasul Muhammad Saw, kanthi waosan suratul fatihah. Mugi kanthi waosan ummul kitab, adicara ing dalu menika saged katindakaken kanthi lancar, gancar, sepi ing sambikala.

‘ala hadihinniyyah. Bisyirril fatihah….


Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "Contoh Teks Susunan Acara Peringatan Maulid Nabi Muhammad Saw untuk MC"