Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Teks Drama Jawa Salah Alamat

 

Drama Jawa

Sahabat, Sandiwara atau istilah lainnya Drama, sudah tidak asing di telinga kita. Sebuah pementasan yang diperankan oleh beberapa orang dalam sebuah babak atau lakon. Drama, dapat digarap baik melalui pementasan di panggung atau melalui rekaman audio. Biasanya disebut sebagai sandiwara radio.

Pada kesempatan kali ini, penulis akan membagikan sebuah teks drama dalam bahasa Jawa. Teks drama ini merupakan hasil karya penulis saat masih duduk di bangku kuliah.

Teks drama dengan judul 'Salah Alamat' ini, dibuat untuk memenuhi tugas mata kuliah Pengkajian Drama Jawa. Seperti apa teks dan alur ceritanya? Mari sama-sama kita menyimak ceritanya di bawah ini. Apabila sahabat berkenan mengangkat cerita ini menjadi sebuah film atau pementasan di panggung, penulis sangat berterima kasih. Adapun teks ceritanya, sebagai berikut.

SALAH ALAMAT

dening Ahsani Taqwim

 

Nalika mangsa rendheng, akeh petani sing padha nanduri sawahe. Semana uga pak Irkham. Isuk iku dheweke lagi matun. Saka kadohan keprungu bu Irkham ngundang-undang.

 

Bu Irkham       : “Pak...Pak’e...wis dilereni sik gaweyane. Iki sarapan dhisik!”

Pak Irkham      : “Oh....iya, Bu.”

 

Bu Irkham       : “Iki lho pak, mau dakmasakake gudhangan lawuhe endhog ceplok.”

Pak Irkham      : “Wah, bojoku pancen ngerti apa sing dakkarepi.”

Bu Irkham       : “Yo mesti.”

 

Bu Irkham       : “Wis ya, Pak, aku dakmulih dhisik. Ning omah gaweyane isih akeh.”

Pak Irkham      : “Ya, maturnuwun sarapane ya, Bu.”

Bu Irkham       : “Iya. Ayo, pak, assalamu’alaikum.”

Pak Irkham      : “Wa’alaikumsalam.”

 

Bali saka sawah, ing tengah dalam bu Irkham ketemu karo bu Darti sing lagi nyapu ing plataran omahe. Wong loro padha sapa aruh.

 

Bu Darti          : “Bu Irkham, saka ngendi?”

Bu Irkham       : “Mau lho..saka ngirim sarapan bapake thole. Mangga, Bu.”

Bu Darti          : “Mangga...”

 

Tekan omah, katon rerusuhan pating slengkrah. Bu Irkham banjur resik-resik karo nggremeng.

 

Bu Irkham       :  “Yaaa....ya. omah kok reged kabeh, kapan suk dadi wong sugih?”

 

(Tok...tok...tok) kperungu swara lawang sing dithothok seru banget.

 

Mbak Elok      : “Assalamu’alaikum, bu Irkham.”

Bu Irkham       : “Sapa kae sajake ana tamu.”

 

Cengak.... (swara lawang dibuka)

 

Bu Irkham       : “E....mbak Elok. Mangga mlebet, Mbak!”

“Wonten napa nggih mbak?”

Mbak Elok      : “Wis ra ana basa-basi maneh. Aku mrene arep nagih utangmu sing wingi wis kok janjikake.”

Bu Irkham       : “Lho...lho....utang ingkang pundi? Kadose kula boten gadhah utang kaliyan panjenengan.”

Mbak Elok      : “Aja coba mungkir ya! Bonmu neng cathethan wis akeh. Coba delengen!”

Bu Irkham       : “Estu nggih, Mbak, menika boten kula. Kula boten gadhah utang. Dhuh Gusti...piye iki?”

 

Pak Irkham     : “Assalamu’alaikum. Ana apa iki? Ramene dirungu tangga iki lho!”

“Ana apa ta, Mbak?”

Mbak Elok      : “Iki lho, pak Irkham, bojomu duwe utang karo aku. Lha durung dibayar nganti saiki.”

Pak Irkham     : “Utang? Bener, Bu?”

Bu Irkham       : “Ora pakne. Ora!”

Pak Irkham     : “Heh, mbak Elok! Kowe iki aja ngawur. Nyatane bojoku iki ora duwe utang karo kowe!”

Mbak Elok      : “Tenan ya, Pak, pancen bojomu iki lho…. (nudhuhake buku cathethan)

Pak Irkham     : “Wis! Wis! Dakumbar-umbarake cangkemmu saya dawa ya?!”

 

Swasana saya rame lan sijine ora ana sing ngalah. Let sedhelo, pak Rt rawuh.

 

Pak Rt.            : “Assalamu’alaikum.”

Pak Irkham     : “Wa’alaikumsalam. Pak Rt.”

Pak Rt.            : “Ana apa iki, Kham? Mbok aja seru-seru! Ora kepenak iki lho dirungokake tanggane!”

Pak Irkham     : “Niki lho, Pak, mbak Elok. Nagih utah sakarepe dhewe.”

Pak Rt.            : “Wis! Wis! Sing sareh. Saiki diomongake alon-alon perkarane apa?”

Mbak Elok      : “Mekaten, pak Rt. Bu Irkham sampun dangu gadhah utang kaliyan kula. Lha niki kula badhe nagih.”

Pak Rt.            : “Bener ngono, bu Irkham?”

Bu Irkham       : “Boten, Pak, menika sanes kula ingkang utang.”

Pak Rt.            : “Sik! Sik! Mbak Elok. Coba ndeleng cathethane!”

“Eh...lha iki sing nggawe gara-gara. Lha neng cathethan sing utang iku bu Asih, kok nagihe neng bu Murti Asih.”

Mbak Elok      :  “Lho...kok ngaten, Pak? Lha niki rak nggih bu Asih ta, Pak?”

Pak Rt.            : “Iya. Iki bu Asih. Murti Asih. Lha sing duwe utang kuwi bu Asih sing omahe kulon kono lho...!”

 

Dumadakan ana wong wadon teka.

Bu Asih           : “Assalamu’alaikum.”

Kabeh             : “Wa’alaikumsalam.”

Pak Rt.            : “Lha iki wonge.”

Bu Asih           : “Nggih, nuwunsewu, kalawau kula mireng mbak Elok madosi kula. Lha ngendikane tiyang, mbak Elok wonten daleme bu Murti Asih. Lajeng kula mriki.”

Pak Rt.            : “E....ngono.”

Bu Asih           : “Nggih, niki artanipun mbak Elok kula lunasi.”

Mbak Elok      : “Nggih, maturnuwun, lunas nggih bu Asih.”

“Nggih, mpun, Bu, Pak, menawi mekaten kula nyuwun pamit rumiyin. Ngapunten sampun lepat alamat.”

Pak Rt.            : “Ya, wis. Saiki perkarane wis bar. Aku dakbali sisan.”

Bu Asih           : “Bu, kula ugi nyuwun pamit. Ngapuntene nggih, Bu.”

Kabeh              : “Assalamu’alaikum.”

Bu Irkham lan pak Irkham : “Wa’alaikumsalam.”

 

Swasane dadi adhem. Prakara utang piutang, wis rampung. Kabeh wis padha lega.

Ahsani Taqwim
Ahsani Taqwim Halo semua, selamat datang di blog saya. Mengenai informasi tentang saya, bisa menghubungi melalui email. Selamat menggali informasi sebanyak-banyaknya. Semoga bermanfaat. Aamiin.

Post a Comment for "Teks Drama Jawa Salah Alamat"